Kamis, 14 Mei 2020

Pageblug
(28)

Dening Jlitheng Basuni

" Mbok kenengapa kok nangis ......?" pitakone Trimo marang Rum kang mureb ana amben .Tangise ora kawetu ana suwara.Mung sesenggukan sengal sengal.

"Bapak nakal ya mbok.......?" Trimo isih tetep wae tekon marang biyunge .

Rum ora menehi jawaban.
Rum ora kepingin Trimo anake weruh sejatine kang dumadi mau kepriye.
Rum ora kepingin nggelakake Trimo anake sing wus kadhung percaya lamun Bagas iku mono bapake.
Nanging mengko kepriye kedadeyane.

Jebul Bagas mung  nandur winih tresna kang gabug.Ora bakal bisa thukul najanta sabendina disiram nganggo banyu dening Rum.

Rum banget anggone kuciwa.Ora kuciwa marang Bagas.Nanging kuciwa marang angen angene dhewe kang kaladuk ngumbrawara.
Angen angen kang samesthine ora pantes kanggone dheweke.
Rum ngira lamun Bagas  maunduweni rasa tresna marang dheweke .
Rum ngira mau Bagas arep kandha lamun dheweke tresna marang Rum.

"Aku ana perlu sethithik mengko sabubare ndelok wayang......!" kandhane Bagas mau nalika ana wayangan.

"Ana apa ta den...kok katone wigati......!"pitakone Rum  bungah atine.
Rum ngira Bagas bakal menehi piterangan marang Rum arupa tembung tresna.Iku pengarep arepe Rum wektu iku.

"Arep kandha marang awakmu......!"

"Saiki wae kenangapa .....?"

"Mengko wae yen wus tekan omah.....!"

"Kok dadak mengko taaa....?"

"Merga iki wigati banget tumpraping awake dhewe sakloron.....!"

Kandhane Bagas kang ana ukarane tumpraping awake dhewe sakloron mau sing gawe angen angene Rum mumbul tekan awiyat.
Dunya iki denrasa endah banget .Lakon wayang rabine Begawan Wrisrawa klawan Sukesi kang wengi iku digelar Ki dhalang Murdi ora nyengsemake atine maneh.Rum klelep ana angen angen kang endah lamunta mengko bakal dikandhani Bagas  kang wigati magepokan uripe wong loro sabunjure .

Nanging mau jebul Bagas malah kandha seje.

"Aku denutus ramaku supaya njaluk piterangan marang awakmu......!"

"Babagan apa den.....?"

"Rama pingin awakmu gelem dadi ibuku......?"

"Piye ....... ?" Rum ora sadhar anggone pitakon mau ora ngawe tembung kang kepenak lan suwarane sora banget.
Pancen Rum kaget .
Rum kaget merga ora ngira babar pisan bakal antuk pitakonan kaya mangkono saka Bagas.
Rum ngira ,mau Bagas bakal kandha lamun Bagas tresna marang Rum. Banjur bakal nari Rum diajak omah omah kanthi mbangun balewisma klawan dheweke.
Jebule ora.
Adoh saka angen angene ana wektu ndelok wayang mau.

"Aku deutus mangkono dening rama....."

Rum wis ora bisa omong maneh.Lesane kaya kekunci .Arep kandha tan kuwawa .
Mung ngadeg mbegegeg ana ngarepe Bagas.Sirahe ndhingkluk konjem ing bantala.

"Kepriye wangsulanmu......?"Bagas ndhesek marang Rum.

Pikirane Rum wis ora lumaku maneh.
Mung nelangsa kang denrasa.Caturane guru Bagas ora digatekake.
Rum ngrasa pancen ora pantes lamun ngarepake Bagas kandha Tresna marang dheweke kawit biyen mula.
Rum sadhar lamun dheweke mono mung wong sekeng ,wong cilik aceplik kang ora pantes sesandhingan klawan priyayi .Apa maneh priyayi mau pak guru kang drajate dhuwur.
Ngarep arep bisa sesandhingan klawan Bagas padha karo cebol nggayuh lintang ,ngarep arep kumambange palwa gabus.Kang ora bakal bisa kelakon nganti kukuding jaman.

Rum rumanga wong cilik kaya dheweke kang pantes mung digawe bojo dening priyayi priyayi tuwa kang wus ditinggal mati bojone .Digawe batur urip sasuwene nunggu pati.
Mula ora aneh mungguhe Rum lamun Ndara Sinder ramane Bagas pingin ndadeake Rum bojo.Kanggo mbaturi uripe merga wus tinilar garwa.

"Yen pancen wus girarise uripku kepriye maneh den.......nanging aku njaluk wektu sepasar anggonku aweh jawaban......!" kandhane Rum banjur mlebu omah kaya crita wingi.

***

Bagas ora ngira babar pisan jawabe Rum mangkono.
Bagas pingin Rum njawab ora sudik apa ora sotir kanthi kasar .
Senajan kasar Bagas bakal seneng atine.
Kanthi mengkono Bagas bakal ngerti lamun Rum uga nduweni rasa tresna marang dheweke.

Sakawit Bagas wis niyat bakal kandha blaka suta marang ramane lamun Rum menehi jawaban ora sarujuk lamun dirabi ramane.Senajan mengkone kudu ngadhepi kanepsone ramane .Bagas bakal lila legawa .
Kang baku Rum ora bakal dadi ibune kuwalon.Ateges Bagas bakal bisa kelakon sesandhingan klawan Rum.Embuh piye mengkone ramane yen weruh jebul anake mau dhemen marang wong wadon kang dikarepake dadi ibune kuwalon.

Nanging jawabane Rum gawe atine Bagas ketir ketir.Bagas was was lamun mengkone Rum bakal nyarujuki ajakane rabi ramane.Bakal kukud jagad iki lamun mangkono.
Ora ana maneh alesan kanggo isih pingin urip ana ndunya iki yen tanpa Rum ana sandhinge.

Telung dina Bagas ora arep mangan.
Awake panas..
Yen bengi nglindur nglindur .

(Ana Candhake)

Tidak ada komentar: