Kamis, 14 Mei 2020

Pageblug (27)


Dening Jlitheng Basuni.

"Iki ana gedhang raja anggone menehi pawongan sing begal ana alas ,gawanen mrana ......!"ngendikane Sinder Prayitno bapake  marang Bagas.

"Ora usah kesusu anggone aweh jawaban.Supaya dipikir dhisik kanthi wening.
Ramamu iki ora kesusu kok ,nanging uga aja kesuwen.Yen bisa sadurunge sasi besar taun ngarep bapa wis nduweni sisihan maneh......!"

Bagas ora migatekake ngendikane ramane mau.Merga angen angene Bagas lagi ruwet.
Kaya ruwete bolah ireng kang angel anggone ngudhari.
Kepriye anggone arep minangkani panyuwunane ramane mau.
Lamun kang denayunake ramane mau wong wadon liya ,Bagas ora bakal suwala.Kanthi lilane ati bakal diminangkani.
Bagas pingin nyenengke atine ramane.Apa maneh suwene setaun iki ramane dentinggal Ibune seda.Yuswane isih durung jangkep patangpuluh lima taun.
Mesthine isih nduweni napsu marang wong wadon.Lumrah wae lamun ramane mau isih pingin palakrama.

Nanging kang denkarepke ramane mau Rum.Wong wadon siji sijine kang bisa gawe atine Bagas adhem sasuwene iki.
Wong sing diangen angen bakal dendadeake bojone mbesuke.Bakal denajak urip berbarengan kanthi mbangun balewisma.Bungah susah bakal dilakoni bebarengan.
Najan ingantarane wong loro mau durung kawetu tembung tresna ,nanging Bagas pitaya banget lamun atine Rum tan beda karo rasa atine dheweke.

Wingi Trimo anake Rum kepingin ngejak ndelok wayang.Lurah Waljiman lurah desa Sanggrahan tangga desa nduwe gawe.Miwaha putrane.
Awan tayuban,dibacutake wayangan bengine.
Lan wingi wus semayanan gandhing gandhing bakal bareng bareng sakbapake lan dulur dulure ndelok wayang .Mesthi wae Rum uga melu ndelok.

Wis diangen angen wingi dening Bagas senenge atine mengkone anggone ndelok wayang bareng Rum.Mesthi bakal ayem bisa sandhing wong wadon iku.
Trimo bakal ditukokke dolanan kethek ogleng mesthi wis marem lan mlayu rana mlayu rene ora nggagas marang dheweke lan Rum.
Bagas bakal gojegan klawan ibune bocah mau ora ana sing ngganggu.

Niyate wengi iku sabubare ndelok wayang Bagas niyat bakal kandha lamun dheweke tresna lan kepingin ngejak urip bebarengan klawan Rum.
Iku angen angene wingi nalika bubar wae Trimo ngandhani lamun dheweke supaya ngeterake ndelok wayang sesuk bengi.

Nanging ambyar saikine.
Bagas denutus ramane supaya dina iku supaya njaluk piterangan marang Rum saupama bakal dijatukrama Deming  ramane  sarujuk apa ora.
Ateges iki Rum bakal dadi ibune kuwalon.
Trimo bakal dadi adhine .lku yen Rum sarujuk.

Ana batin Bagas percaya Rum bakal nolak ajakane ramane mau.Merga Bagas percaya banget ing jero atine Rum iku ana dheweke.
Nanging Bagas banjur kelingan yen antarane dheweke mau durung kawetu pangucap tembung tresna saka lesan.Isih durung ana gondhelan kang kanggo wewaton lamun Rum bakal nolak ramane.
Mulane Bagas was sumelang aja aja Rum sarujuk bakal dadi ibune kuwalon.

Dikaya ngapa printahe ramane supaya njaluk piterangan kanthi nari Rum gelem apa ora digarwa ramane kudu dilasanaake.
Minangka bektine anak mring wong tuwa.
Senajan embuh engko piye kawusanane.

Lamun Rum aweh jawaban ora sarujuk ,bakal dikandhaake marang ramane blaka suta.
Bagas niyat bakal blaka suta marang ramane  jawabane Rum mengkone.

Lamun Rum sarujuk piye....?
Bagas yakin lamun Rum ora bakal sarujuk.
Merga Bagas percaya banget yen Rum satemene uga nduweni rasa tresna marang dheweke.

***
Sirahe Bagas mumet ora karuan.
Anggone ndelok wayang wengi iku ora jenak.Ora kaya kang deangen angen wingi.
Pikirane mung tumuju marang piye anggone kandha marang Rum kepingane ramane mengko sabubare ndelok wayang.
Niyate anggone kandha tresna marang Rum diwurungke.

Iku isih gampang .Ana sing luwih abot mengkone lamun Rum aweh jawaban sing ora cocok klawan pangirane Bagas.

Sabubare ndelok wayang sewengi methethet Bagas ora bisa turu .
Sirahe ngelu.Mumet ora karuan.
Mau Rum menehi jawaban kang isih ngambang.

"Yen pancen wus ginaris iku jodhoku ,arep piye maneh Den.....ning aku njaluk wektu sepasar suwene kanggo mikir ,bakal takwenehi jawaban ..........!" jawabe Rum nalika Bagas menehi pitakonane ramane kang dititipake marang dheweke.

Apa maneh anggone aweh jawaban Rum mau karo nangis .

"Wis muliha.....aku takturu...ngantuk ..sesuk kudu golek pangan.....!"
Bacute Rum nutup lawang ninggal Bagas kang isih ngadeg mbegegeg ana njaba.

Bagas keprungu saka njeru omah Trimo kang takon marang Rum.

"Mbok ....nyapa sampean nangis......?"

Nanging suwarane Trimo mau ora bacut merga dibingkem tutuke dening Rum.

(Ana Candhake)

Tidak ada komentar: